Ukara Tanduk (Kalimat Aktif) lan Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)

Ukara Tanduk
Ukara tanduk yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk utawa entuk ater-ater anuswara lan jejere nindakake pakaryan. Ukara tanduk kaperang dadi loro, yaiku:
1. Ukara tanduk mawa lesan (kalimat aktif transitif).
2. Ukara tanduk tanpa lesan (kalimat aktif intransitif). 

Tuladha:
1. Ukara tanduk mawa lesan (kalimat aktif transitif).
a. Tono mangan sega.
b. Aris nggambar kewan.
c. Ani nyapu latar,
d. Tini njait klambi,

2. Ukara tanduk tanpa lesan (kalimat aktif intransitif). 
a. Budi adus.
b. Retno mlaku-mlaku.
c. Udin sinau.
d. Upik turu angler.


Ukara Tanggap
Ukara tanggap yaiku ukara kang wasesane arupa tembung kriya tanggap (entuk ater-ater tripurusa) lan jejere dikenani pakaryan.

Tuladha:
1. Segane dipangan Tono.
2. Kewane digambar Aris.
3. Bukune dituku Ani
4. Klambine dijait Tini.

Comments

Post a Comment