Tembung Wilangan (Kata Bilangan)

Tembung wilangan yaiku tembung sing mratelakake cacah utawa urut-urutan. Tembung wilangan kaperang dadi rong golongan, yaiku tembung wilangan kang mratelakake cacahe barang lan tembung wilangan kang mratelakake cacahe pepangkatan.

a) Tembung Wilangan kang Mratelakake Cacahe Barang
Tembung wilangan kang mratelakake cacahe barang kaperang:
1. Tembung wilangan wutuh/baku
Tuladha:
1 = siji

2 = loro

3 = telu

4 = papat

5 = lima

6 = enem

7 = pitu

8 = wolu

9 = sanga

10 = sepuluh
Katrangan:


a) Cacah saluwihe sepuluh oleh wuwuhan -las, dene saluwihe rongpuluh oleh wuwuhan -likur, kajaba 25 (selawe).

b) Cacah saluwihe telungpuluh anggone ngucapake yaiku 31 (telungpuluh siji), 32 (telungpuluh loro), 33 (telungpuluh telu),lan sateruse. Semono uga saluwihe 40 (patang puluh) anggone ngucapake yaiku 41 (patangpuluh siji), 42 (patangpuluh loro), 43 (patangpuluh telu), lan sateruse.

c) Cacah tetikelane oleh wuwuhan -puluh, kajaba 50 (seket) lan 60 (sewidak).
Tuladha:
10 = sepuluh                            60 = sewidak
20 = rongpuluh                        70 = pitungpuluh
30 = telungpuluh                      80 = wolungpuluh
40 = patangpuluh                     90 = sangangpuluh
50 = seket
d) Cacah tetikelane satus oleh wuwuhan -atus.
Tuladha:
100 = satus                             600 = menatus
200 = rongatus                       700 = pitungatus
300 = telungatus                     800 = wolongatus
400 = patangatus                    900 = sangangatus
500 = limangatus
e) Cacah tetikelane sewu oleh wuwuhan -ewu, wondene tetikelane yuta oleh wuwuhan -yuta.
Tuladha:
1.000 = sewu
2.000 = rong ewu
3.000 = telung ewu
4.250 = patang ewu rong atus seket
10.724 = sepuluh ewu pitung atus patlikur
100.870 = satus ewu wolung atus pitung puluh
1.572.625 = sayuta limang atus pitung puluh ewu nematus selawe
5.350.732 = limang yuta telung atus seket ewu pitung atus telung puluh loro
2. Mretalekake barng sing durung genah cacahe
Tuladha: akeh, sethithik, kabeh, lsp.

3. Mratelakake angka jam
Tuladha:
12.00 = jam rolas awan
24.00 = jam rolas bengi
12.30 = jam setengah siji awan
23.30 = jam setengah rolas bengi
13.15 = jam siji seprapat awan
07.45 = jam wolu kurang seprapat esuk, lsp.
4. Mratelakake cacah pecahan
Tuladha:
0,6 = nem pradasan
0,08 = wolu praatus
0,475 = patangatus pitung puluh lima praewon
0,698 = nematus sangangpuluh wolu praewon, lsp.

b. Tembung Wilangan kang Mratelakake Pepangketan
Panggonane:

1. Kanggo mratelakake pepangkatane (undha usuke) wilangan nggunakake ater-ater {ka-}.
Tuladha: kapisan, kapindho (kaloro), katelu, kapapat, kalima, lsp.

2. Kanggo mratelakake kaping pira anggone tumindak, tembung wilangan oleh wuwuhan kaping utawa ping.
Tuladha: kaping pisan (ping pisan), kaping pindho (ping pindho), lsp.


Pangecake Tembung Wilangan:
a. Yen nerangake barang, tembung wilangan manggon ing samburine.
Tuladha:
- Wati tuku buku telu.
- Budi nggawa klapa lima.
b. Yen mratelakake ukuran utawa jenis, tembung wilangan manggon ing ngarepe.
Tuladha:
- Yanti nggawa beras telung kilo.
- Wati tuku lenga limang liter.
- Sumur iku jerone pitulas meter.
- Ibu mundhut sendhok setengah lusih.
- Dhuwitku jajan telungewu rupiyah.

Comments